Sunday 24 April 2016

Contoh Deskripsi panganan tradisional "lepet" dalam bahasa jawa











LEPET

                Negeri Indonesia yaku negeri ingkang kathah sanget kulinere, budaya, wisata, lan liya- liyane. Zaman saiki mboten wonten kadipaten utawa desa ingkang dereng wonten swalayane menika. Nanging, pasar tradisional mboten ketingal saking atine para tiang desa. Wong desa sami kulina marang pasar tradisional ketimbang swalayan. Amarga in pasar swalayan mboten lengkap, mboten kados asar ingkag pepek panganane.
                Ing Jawa Tengah khususe Kebumen gadhah pinten- pinten menika warni jajan, saka jajan kang abot saha jajan pasar . jajanan pasare menika mboten namung 10 macem, ananging pirang- pirang puluh macem jajanan pasar. Tuladhane : coro  bika, kupat, lepet, rolade, cucur, lan sapanunggalipun.
                Ing Kebumen sami mboten kesupen kaliyan jajanan tradisionnal, jajan modern mboten saged ngalahake rasane jajanan tradisional. Amargi para tiang Kebumen sami sanget tresna marang budhaya.
                Tuladhane lepet, tiang Kebumen tesih kathah ingkang seneng kaliyan lepet, amargi raos gurih lan enake mboten saged ngilangaken saking ilate para kadang jawa. Ing jaman modern menika pancen sampun kathah jajanan ingkang menika warna lan sedayane uga enak sedanten.
                Contoh panganan Kebumen ingkang tesih kathah peminate yaiku lepet, amargi rasane ingkang gurih lan mboten mboseni. Lepet utawa leupeut  yaiku panganan saking beras ketan kang dicampur karo parutan klapa muda lan dimasak karo santen, lajeng dibungkus ngagem janur. Panganan iki umpami  sampun mateng lan badhe didhahar, teksture pancen pliket amargi didamel saking ketan nanging rasane ora ana tandhingane.
                Bahan kanggo ndamel lepet iku gampang, umpami  dipun goleti yaiku : beras ketan putih, santen krambil, uyah, godhong g pandan, krambil parut. Carane ndamel uga mboten angel, yaiku satuggal santen, uyah, lan godhong pandan digodhog kalih diudeg nganti umeb. Salanjute lebokna beras ketan nanging genine dipuncilikake. Teruse udeg supaya kecampur lan ngresep. Lajeng diangkat lan ditambahi parutan krambil lan disambi diudeg. Jupuk campuran mau lajeng tutup nganggo turahan janur. Tali ngagem tali kang digawe saka pring. Godog malih kira- kira suwene 60 menit ing geni sedheng.
                Lepet biyasane digunakake wong jawa kanggo dhaharan menawi idul fitri, kupatan wong meteng, lan liyane. Lepet uga ora ukur dikenal ana ing tlatah jawa nanging lepet uga dikenl  nganti tanah sunda, ananging gedhene beda. Ana ing sumatra lan Semenanjung malaya, ana ing Aceh, Minagkabau, lan Melayu wonten panganan kang mirip yaiku lepat. Ananging lepat ngagem irisan gula aren lan parutan krambil, lan uga dibungkus nganggo godhong- godhong.
                Sanajan lepet panganan murahan lan anane ana ing desa, ananging lepet duweni sejarah kang apik. Regane tur mboten larang. Gampang ditemokake. Kita para tiang tlatah Jawa, nduweni kewajiban kanggo nglestariake budaya, kuliner lan sedaya nandakaken ciri- ciri khase tanah Jawa.